Berlangganan

Enter your E-mail -->

Delivered by FeedBurner

Minggu, 02 November 2014

Pidato Bahasa Jawa



PAMITAN KELAS IX

Nuwun,
    Assalamu`alaikum Wr.Wb
            Bapak kepala sekolah SMP N 1 Polanharjo saha Bapak/Ibu Guru sekalian ingkang kula urmati, para rencang saha rayi kelas 7 lan 8 ingkang kula tresnani.
            Sumanggi kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Welas ingkang sampun kersa paring rahmad dhumateng kita sedaya saengga kita saged pepangihaning siyang menika mboten kirang satunggal menapa.
            Kula wakil kelas 9 ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nglonggaraken wedal kangge ngrawihi acara Pamitan kelas 9.
            Kula selaku wakil rencang-rencang kelas 9 ngaturaken panuwun kangge para Bapak/Ibu Guru sekalian ingkang ndidik kula lan rencang-rencang sedaya saengga saged lulus UN 100%
            Kula sarencang kelas 9 nyuwun donga pangestu dhateng Bapak lan Ibu Guru mugi-mugi kita sedaya saged ketampi ing sekolah ingkang kita idam-idamaken.
            Kula sarencang kelas 9 nyuwun pamit lan menawi nggadahi telepatan dhateng Bapak/Ibu Guru sekalian kita sedaya nyuwun pangapunten. Lan mugi- mugi SMP N 1 Polanharjo prestasinipun luwih maju lan tetep jaya.
            Para rawuh ingkang kula urmati mekaten atur kawula mbok bilih wonten lepating atur kula, kula nyuwun pangapunten.
    Wassalamu`alaikum Wr.Wb

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.